Kompetisi Bahasa dan sastra : Geguritan

Pelaksanaan Kompetisi Basa dan Sastra tingkat Kabupaten Gunungkidul pada hari kedua Senin, 20 Mei 2024 memperlombakan cabang Geguritan dengan kategori anak, remaja dan dewasa bertempat di Taman Budaya Gunungkidul. Dalam cabang lomba Geguritan, SDN Krambilsawit Saptosari berkesempatan mengikutkan peserta atas nama Aathifah Putri Azhaahra siswa kelas IV. 


GEGURITAN WAJIB KATEGORI ANAK


Ungeling Ukara

Dening: Kingkin Winanti Nurdiana

 

Lathi iku mung ana siji

Dijaga kanthi pangati-ati

Kocap pangucap merak ati

Merga ajining dhiri ana ing lathi

Nata basa yen arep matur

Sapa aruh gunem kang katur

Aja jangkar nganti kalantur

Olah wicara kang sempulur

 

Ngajeni wong liya ora nyawang bandha

Kinarya eling mundhi tata krama

Ngupakara laku jantra akarya

Dadya manungsa kang utama

Reronce unggah-ungguh samadya

Nadyan angel dilakoni, yen wus kulina

Bakal cinipta dadi budaya

 

Kapethik saking buku Antologi Geguritan Merajut Aksara 2023 

 

GEGURITAN PILIHAN KATEGORI ANAK

 

Nyinom

Dening: Endang Sri Werdiningsih

 

Bocah nom-noman

Wus ngancik diwasa

Lanang lan wadon

Asung tenaga kanggo bot repote tangga

Sing lagi duwe gawe gedhe

Nyaosake unjukan dhaharan

Subasita lan paugeran

Kudu diugemi aja nganti katrajang

Sae patrap, ulat, lan rasukan

Laku dhodhok tangan nyangga wadhah ambengan

Lungguh sila kanthi temata

Ngaturake unjukan urut saka sing tuwa

Mlaku mundur kanthi ngati-ati

Ora pareng kleru kudu setiti

 

Kapethik saking buku Antologi Geguritan Gumregah Mbangun Subasita 2022

 

GEGURITAN PILIHAN KATEGORI ANAK

 

Dlancang Seta

Dening: Asti Pradnya Ratri

 

Dluwang kuwi aku. Awakku.

Saka mijile isih memplak,

Banjur kacipta kluwung mrekatak.

Mangerteni apa kuwi subasita,

Wanuh mring trapsila lan unggah-ungguh basa.

Warna seta kuwi aku. Rupaku.

Sing isih ngeja isen-isening donya,

Lumantar panggulawenthahing ibu saha bapa.

Saiki dakgegem dluwang resik,

Bakal kaisi aksara edi peni,

Minangka kidung donga lan asung pangabekti

Mring bapa lan ibu sawiji.

Dluwang kang kaisi donga lan pangajab,

Tansaha binerkahan dening Gusti kang akarya jagad

Tumrap kinasihku; ibu lan bapa

 

Kapethik saking buku Antologi Geguritan Serendipiti Astabrata 2019



Kegiatan

Berita

Copyright © 2019 Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga Gunungkidul