Kompetisi Bahasa dan Sastra : Maca Cerkak

Pelaksanaan Kompetisi Basa dan Sastra tingkat Kabupaten Gunungkidul diselenggarakan mulai hari ini Jum'at, 17 Mei 2024 sampai dengan Jum'at, 14 Juni 2024. Tempat pelaksanaan meliputi Taman Budaya Gunungkidul Playen dan RM. Bu Tiwi Tan Tlaga Semanu. Untuk hari pertama atau hari ini Jum'at 17 Mei 2024 memperlombakan cabang Maca Cerkak dengan kategori anak, remaja dan dewasa.

Dalam cabang lomba maca cerkak, SDN Krambilsawit Saptosari berkesempatan mengikutkan peserta atas nama Najwa Aisyah Putri siswa kelas V.


MATERI CRITA CEKAK ANAK

KOMPETISI BAHASA SASTRA 2024

WAYANG KRISTAL

 

Pramuditya Ahimsa Untoro

 

Gedebug… Krungu swarane Marchel kaya tiba saka kursi.

“Hahaha…, kowe ngapa, Chel. Serius banget le ndelok nganti tiba saka kursi”.

Denta, Sena, lan Marchel wis tekan omahku. Karepe ki, arep reuni kelas. Mergane kabeh kelas angkatan taun rong ewu telu likur, sing saiki wis kelas wolu, padha diacak kelase. Mbiyen, aku, Denta, Sena, Marchel kuwi sakelas, kelas pitu E. Sawise munggah kelas wolu, aku dadi kelas D. Sena lan Denta tetep ana kelas E. Marchel ana kelas J.

Sawise tekan omahku, aku, Denta, Sena, lan Marchel padha kangen-kangenan. Sajane ki ora suwe le dha pisah. Nanging, kangene ora isa diampet maneh. Nganti kaya wis lulusan wae, hahahaha. Reunine ora kaya cah gedhe. Nanging, malah padha dolanan hp dhewe-dhewe. Ana sing ngegame lan TikTokan.

“Iku lho, Yok. Ngarepmu musuh, kok malah meneng wae.” Jenengku yen diceluk kanca cedhakku kuwi Yok, utawa Tiok.

“Iya, aku ki ngerti, ning hpku kuwi lho, ora isa dipencet.”

“Mbok ganti hp, Yok. Hp kenthang kaya ngono kok dinggo, ta,” Unine Sena sajak ngece hpku.

“Omong wae kowe ki, Sen. Walah, dadi kalah, ta. Sena ki jan ngganggu.”

“Stt…, takkandhani, Cah. Aku mau ndelok neng TikTok, jarene ana penculikan anak sing menyamar neng kampung. Tenan pa ora, ya?” pitakone Marchel marang aku lan kanca-kanca.

“Ora. Aja sok percaya karo berita hoax utawa kabar ngapusi. Kuwi jenenge sampah digital, ora ana gunane. Mbok ndelok konten sing bermanfaat. Eh, takandhani, ta. Ana konten sing apik iki. Sampah plastik sing disengiti karo wong okeh, saiki malah dadi kerajinan wayang,” ceritaku.

“Ya masak, Yok. Ana sampah plastik, kok, dadi kerajinan wayang. Kowe kuwi sing hoax. Hahaha…,” ujare Marchel sajak ora percaya.

“Welha, malah maido. Rene, takcritani. Dadi, seminggu kepungkur, aku melu ayahku seminar ana kompleks KALIMASADA, Pakem, Sleman. Medhun saka mobil, aku langsung jujug kamar mandi amarga arep pipis”.

“Langsung isine wae,” ujare Denta.

“Stt…,” metu saka kamar mandi, aku kriyip-kriyip langsung fokus neng wayang. Takdelokdelok, kok unik banget. Biasane, wayang kuwi digawe saka kulit kewan lan disungging. Lha kok, iki ora. Wayang kok bening, tipis, ora disungging. Aku takon karo sing nduwe sanggar. Jenenge Pakdhe Sardiman utawa Pakdhe Sardi Beib. Jarene, wayang kuwi saka botol aqua sing dipres. Awale, aku ya ora percaya, ta. Mosok botol aqua sing peyok kaya ngono isa gepeng kaya kertas. Aku, kan, bakat ya nek nggon pewayangan.

Ayahku crita marang Pakdhe Sardi, “Pakdhe, lha niki anak kula menawi ana wayang langsung fokus. Kene, Le, salim durung?”

“Uwis ya, Le. Hehehe,” sumaure Pakdhe Sardi.

“Pakdhe, niki anak kula, Tio. Tio niku menawi kaliyan wayang remen sanget. Turun mbahne. Mergane, mbah kakunge menika, rumiyin dados dhalang. Menawi ten griya, Tio senengane gawe wayang. Nganti tekan saiki, wayange pirang-pirang, Pakdhe.”

“Nah…, iki sing takgoleki. Aku rak wes tuwa, ta. Mripatku kuwi sing siji katarak, tapi wis dioprasi. Pakdhe, ta, Le, nggawe workshop wis ping bola-bali, lan kuwi pirang-pirang wong. Durung ana wong sing isa ngganteni pakdhe. Saiki coba, Tio nggawe wayang gunungan iki. Wis ana botol aqua sing pakdhe pres, Tio tinggal nggambar.”

“Tio isa, Yah, anakmu isa. Tio tak-angkat dadi anak angkatku, ya,” ujare Pakdhe marang aku lan ayah.

“Pakdhe, proses nggawe botol aqua ben kaya kertas niki pripun, Pakdhe?” pitakonku marang Pakdhe Sardi.

“Carane kuwi, botole dilebarke ben melebar. Bar kuwi, Tio tumbas ceklipan, tapi sing tembakan. Gunane apa? Gunane ben kuat. Merga mengko nalika dipanaske ana ndhuwur kompor, yen ketarik ben ora copot. Nek Tio pengin ndelok carane, isa ndelok ana youtube. Jenenge “cara pembuatan wayang kristal” kuwi ya, Le.”

“Ngono kuwi critane. Dadi, ana konten sing kreatif ben wong-wong sing ndelok dadi penasaran lan tertarik.”

Woo lha, kancaku takcritani malah dha ora ngrungokke. Malah padha main game… jiaaan!

 

Kapethik saka Antologi Crita Cekak Taruna 2023.

Kegiatan

Berita

Copyright © 2019 Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga Gunungkidul